Ngiyub

Janjane sih urung patiya sore, wong ya isih jam papat lewih seprapat, tapi gara-gara lagi udan dadine langite peteng ndedet. Udane deres, gludak-gluduk tur selokane madan bampet. Banyune mludhag. Sepatuku dadi madan teles. Kelelep sih ya ora jane, tapi anu sol-e pancen madan bodhol dadine banyune mrembes, mlebu ming njero.

Tapi kepriwe maning, peperan toko pada kebek nggo ngiyub. Ora sing motoran ora sing mlaku, kabeh ya pada ngiyub. Cilakane, sing montoran ngiyube semotore sisan, dadine nggon sing ora sepiraha dadi sempit kebek neng menungsa karo kebek neng montor. Tapi ya kepriwe maning?

Sing kepenak ya kae sing pada mobilan. Beda karo sing montoran. Angger montoran tah pas udan ora kepanasen, pas panas ora kudanen. Wis kaya kuwe, akeh mobil sing sembarangan nyetire, ora ndeleng dalane ana banyu apa ora, eh ngegas baen, dadine wong sing ngiyub neng pinggir dalan neng emperan umah apa toko ya kecipratan. Nyong sing nembe limolas menitan neng kene bae wis kecipratan ping papat. Malah sing siji nganti kena rai mlebu neng cangkem barang.

“Asu!”, nyong mbatin. Kesel pisan dina kiye. Rencana koh langka sing sukses kabeh. Wis mau tangi kawanen. Arep nggodhog mi ya gas-e enthong. Trus kedagar-dagar numpak angkot niate ming bengkel eh jebul montore nyong durung digarap acan neng montire. Jere sih ana onderdil sing langka stok-e. Neng bengkel kuwe jerene langka. Ujarku tah kuwe bengkel paling gede neng desane aku, tapi jebul ora patiya lengkap.

Ya uwis, tek niati. Sekang bengkel nyong mlaku maring terminal, trus ngebis maring kota, golet onderdil.Mudun sekang bis, numpak becak, wong bengkele madan adoh sekang panggonan nyong mudun sekang bis.

Tekan bengkel karo toko onderdil, jebul ancer-ancer rega sing dinei neng montire montorku keliru. Luwih larang. Lha duitku mung mungmungan. Palangapa, ben sisan, akhire nyong pamit disit arep maring ATM, njiot duit.

Sekang bengkel, nyong mlaku, ndilalahe pas nggeleleng, kepaduk tongolan paku tenda warung pecel lele. Nyong tiba kedangkrang, meh baen nubruk tong sampah. Janjane sih ora lara, tapi ya wirang mbok?

Aku mung bisa mrenges, menyat trus mlaku maning kaya langka apa-apa, padahal dengklangan. Alah embuh peduli setan! Tai ngayam..

Tekan ATM, sing ngantri ana telung wong. Jane sih ATM-e ana telu mesine, tapi sing siji bodhol, sing siji kuwe ATM setoran. Ya ujarku sih bisa ya nggo njiot duit, tapi aku ora tau gelem nganggo ATM setoran. Mbuh kenangapa. Bebeh baen.

Konangan ya, nyong ora tau nyetor duit nganggo emsin ATM. Apa maning nganggo mesin, wong setor neng bank be ora tau. Paling-paling angger dikongkon bos-e. Kuwe be jarang-jarang. Priwe maning? Jenenge baen wong gajen, duit ya mung sekang bos-e thok pendak gajian.

Ora suwe, paling pitung menitan, akhire gilirane nyong nganggo mesin-e. Lha jebul kertu ATM-ku langka neng dompet. Nyong kaget… Nyong langsung gramakan sak. Sak celana, sak jaket, kabeh tek gramaki. Tapi kertu ATM-e langka. Nyong sih yakin kertune kuwe ora gigal neng dalan, wong nyong sengaja tuku dompet sing ana slerete ben bisa nyimpen kertu-kertu sing penting neng dompet.

Sumpah, nyong lemes dhedhes!

Nyong metu sekang ATM, kebingungan. Neng endi kira-kirane kertu ATM-e ya? Ya duite sih ora sepiraha, wong ya wis tanggal tua, tapi nek nganti ilang mbok bebeh banget nguruse. Ndadak lapor polisi, nggawe surat kehilangan, trus ming bank. Bebeh. Males.

Nyong jagongan neng emperan toko sebelahe ATM, anu bingung sih. Trus nyong kelingan. Kertune mau bengi tek nggo nggaris pas nggambar. Dadi critane nyong iseng pengen orek-orekan. Nggambar. Trus ora duwe garisan. Garisan tah kudune nyong duwe ya, tapi kelalen ndelahe neng endi. Dadine aku nganggo kertu ATM!

Tembelek mbebek! Semprul… Kepriwe jal?

Ya uwis lah, akhire nyong mutusna arep bali ngumah baen. Sekang nganah aku mlaku maring sebelahe toko emas “Wangi”, soale neng kana ana bis ngetem. Kadohan nek nyong kudu ming treminal disit. Ya uwis, aku mlaku karo nendangi krikil saking sebel-e.

Ndeane, gara-gara kakehan pikiran, nyong dadi telat nyadar nek langite wis petheng ndedet, mendung arep udan. Nyong mlayu pas mulai gerimis. Ora suwe, udan mak bres gede banget. Nyong ngiyub neng emperan toko.

Ora let suwe emperane kebek wong ngiyub. Atine nyong tambah kemrungsung. Langka sing kebeneran dina kiye.

Pas nglamun, ujug-ujug nyong weruh ana wong lanang karo wong wadon numpak motor bebek warna ireng nggawa bocah cilik loro. Sing siji umuran patang tahunan, sing siji isih diemban, anu esih bayi. Motore mandeg neng ngarep toko jamu, ngiyub neng kana. Persis neng seberang nggone nyong ngiyub.

Kaya kenal…

Nyong trus ngelap kacamata sing teles ngembun, ben bisa ndeleng luwih jelas.

Oalah silit! Jebul sing ngiyub neng ngarepan toko jamu kae si Siti, karo lanangane karo anak-anake.

Nyong milih mundur, umpetan ketutupan wong liya sing ngiyub bareng nyong. Malah akhire nyong ndodok ketutupan motore mbuh sapa. Ora papa, sing penting ora konangan Siti mantan pacare nyong kae.

Ndog asu!

4 comments
  1. Dina Ageng said:

    Wong koh apes men, ora sida dandan motor, kudanen, ketemu mantan sisan.
    Sip Mas, ora akeh sing gelem nulis ngapak, apa nyong sing ora gaul ndean.
    Btw ning desane nyong arane “ngaub”

  2. prijanti said:

    kuwe jenenge apes wolak walik…kaboten dosa rikane…nyebut mulane aja brecuh 😆..tapi isih ana untunge mbok pas ngiyub ora diurak neng sing nduwe toko..

  3. Musangberjanggut said:

    Ndog asu😭😭😭😭

Leave a comment